Sepatu

kowe lan aku kaya sepatu,

lumaku  iring-iringan,

numuti menyang ndi jangkahku mlaju.

Tanpa awakmu, jangkahku krasa lara

kowe sing bisa njaga awakku,

ngemuli saben jangkahku.

aku mbutuhake kowe kanggo awake dhewe njangkah bareng,

mung wong loro watara kowe lan aku.

kaya sepatu sing tansah bebarengan

pangajabku awake dhewe uga dadi siji.

Moga-moga  kowe, tansah ing sisiku

Ngilangake rangu-rangu  kanggo anggonku njangkah.