Teks Geguritan

Bal-balan jaman SD
Karya: Dimas

Esuk budhal sekolah
Sore nendangi bal
Saben sore gisus nyamperi konco
Tujuane kanggo ngajak dheweke main bal-balan

Gawang ora nganggo cagak…
Nanging nganggo sendal dhewe
Bal ora nganggo karet…
Nanging nganggo bal plastik

Dolan bal gocak-gocek kaya messi
Tendhangane mlengkung kaya gedhang
Langka nglanggar
Langka wasit

Tim ditemtokake dening pingsut
Saben rampung mesthi ngomong…
Sing menang karo aku,sing kalah karo aku
Adzan Maghrib dadi pathokan rampung dolanan

Mbok saiki angel diulangi
Amarga aku wis gedhe
Nanging…
Aku ora bakal lali kenangan sing nyenengi iki