Kesenangan Ora Kudu Dibandingke

Kabeh wong duwe kesenengane dhewe

Beragam ragam sing disenengke

Yen jaman biyen seneng kie

Ora mesti jaman siki seneng kae

Kudune bisa ngerti dhewek

Mbanding mbandingke apa guna

Malah gawe wong liya gela

Manungsa kudu saling jaga

Yen ora bakal porak poranda

Urip kuwe sing ngati-ati

Yen ora bisa ora usah nuturi

Ora bakal ana sing ngerumati

Yen ora saling ngurmati

Saling ngurmati ing urip maningi