Desaku

wiradadi kuwe jenenge
ora sepi ya ora banget ramene
wargane ana tani, dagang, lan pegawe
penguripane ora keri karo desa liyane

omah gedhong ora bisa diitung
panganan pokoke dudu jagung
usahane ora kemrungsung
masarakate pada demen tetulung

langgar mesjid isi bocah
diwulang ustad lan ustadah
tuwa enom sregep ngibadah
saben wektu solat jamaah