Grapyak swaraning gendhing kapireng laras
Hangiring solahing pambeksa
Busana ingkang kaagem
Bayak, nyamping lan sampur
Ugo perlikan maneka rupa
Ndadosaken langkung kewes kasawang
Perangan ing perangan katata
Ngithing, ngleledhek, ngoyog, ngregem, ngruji lan sakpanunggale
Nyawiji awujud beksa ingkang edi peni
Tilasing budaya luhung kang tansah kalestantunaken, prayogi
Leave a Reply