Sekolahku

Sekolahanku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening bapak ibu guru

Sekolahanku…
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku diajari supoyo karo wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparing PR knggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya…
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
Kareben ngesuk dadi wong kang aji
Miguna tumprap bangsa lan nagari