yen urip mung dadi siksaning pangimpi
krenteg marang sabarang pepesthen
ya ben ta maneka warna tansah nggodha
ya ben ta petenge wengi nyebar sepi-sepi
ora ana nendra nganti ilange wengi
uga yen ta awan mengko kari wewayangan
teka mbaka siji lan ngilang
kahanan bakal dak sinau dak sandhang
lan aku terus lumaku lan mbandhang
teneh apa, apa maneh sing mesthi diranti
teneh apa, apa maneh sing perlu di tunggu
kabeh wis dadi awu uga omahku kelawu
aku sing pinasthi urip lan mati
ngupaya jarwa antaraning urip lan mati
jroning urip ngupaya pati
Leave a Reply