Dening: Nazwa Oktavia Salsabila
Kucingku sing lucu lan gembul
Jenenge Caca Si Bundel
Angger mlayu mbul-mbul
Seneng ngeong-ngeong kaya bakul
Caca gembul ayu pisan
Buntute mbundel cendhak kaya dene bundelan
Sikile cilik awake lemu pisan
Matane gede kaya dene bundere wulan
Kukune Caca landepe kaya macan
Nek nyakar lara pisan
Yen turu mbunder kaya dene ula
Turune ngleder tentrem pisan
Saben aku bali saka sekolahan
Si Bundel mlayu-mlayu seneng pisan
Nglendat-nglendot nang samparan
Karo meong-meong njaluk mangan
Bungah rasane aku duweni caca
Iso kanggo ngelelipur nalika duka
Solah polahe ndadekake atiku bungah pisan
Caca kucingku sing tak tresnani
Leave a Reply